Kamis, 15 Desember 2011

[cerita] Watu Gajah

Watu Gajah

Ing daerah Gebog ana wong kang paling dihormati yaiku Ki Ageng Kendungsari. Deweke duwe anak lanang sing bagus lan gagah perkasa. Nalika nanake wis gede deweke kepengin ngawinake anake. Nanging durung gelem amarga durung ana bocah wadon kang terp ing atine.

Ki Ageng Kadungsari njaluk tulung maring sadulure supaya golekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Banjur enthuk warta saka sadulure yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Anake Ki Ageng Rajekwesi.

Banjur, keluargane Ki Ageng Kadungsari nyiapake ubarampe kanggo digawa menyang Jepara. Naliko wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake meneka warna panganan lan omben – omben. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen arep ngelamar anak wadone, kanggo anak lanange ki Ageng Kedungsari. Nanging, ngendika yen anake gelem dilamar daning wong lanang sing menehi mas kawinarupa gajah. Ki Ageng Kendungsari nerima pengandikane Ki Ageng Rajekwesi amargo deweke duweni gajah.

Banjur warta kuei kesebar nang ngendi – endi, uga krungu dening Ki Ageng Menawan kang atine serik amarga arep ngerampog. Deweke nggolek kanca sing jenenge Ki Watu Gede, deweke seneng banget amarga arep enthuk kabeh bandha sing dirampog. Ki ageng Menawan anthuk gajahe.

Rencana wong loro iku kelakon nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso. Banjur, padha tanding karo utusane Ki Ageng Kedungsari. Ki Ageng Kedungsari teke maring panggonan kuwi lan tanding karo wong loro kuwi. Pungkasane enthuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu.

Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu gedhe sing bisa ketemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu. Kecamatan mayong, Kabupaten Jepara.

Unsur – unsur Intrinsik

Judul : Watu Gajah

Tema : gajah kanggo mas kawin

Alur : maju

Paraga:

· Ki Ageng Kedungsari

· Ki Ageng Rajeksari

· KI Ageng Menawan

· KI Watu Gede

Amanat: dadi wong aja serakah


(ini cerita bahasa jawa yang biasa ada di tuga2 bahasa jawa SMA. semoga bermanfaat) ^^

0 komentar:


Recent comments

Blog

 

Shan's Blog Copyright © 2011 -- Template created by O Pregador -- Powered by Blogger